“ Mlaku – Mlaku ”
Dening :
Farhan Fika Mafazi
Nalika wektu semana
Nalika aku lagi wae tangi
Mlaku kaliyan kancaku
Aku bingung ra kira
Pancen peteng banget wektu iku
Lampu desa ora padang
Seneng banget ati iki
Seneng banget ra tak kira
Anggonku mlaku – mlaku tekan margi
Akeh motor pada lalu
Nalika surya padang
Aku kaliyan kanca taseh lumaku
Lumaku pinuju omah
Karo kanca arep bali
Nang dalan pinuju omah
Aku lan kanca padha crita criwis
Critane gayeng lan cengun
Crita – crita liburan
Kedaden pas jaman dhisik
Aku keweden pas crita
Critane pas gempa bumi
Aku ra lali pas gempa
Pas gempa aku isih kelas siji
Dina iku isih esuk
Awakku isih slimutan
Wektu iku aku lagi arep adus
Pas aku mlaku nang kolah
Reti ana gempa bumi
Aku langsung metu omah
Aku metu omah karo medeni
Aku mlayu ra tak ukur
Ra kira aku crita
Aku lan kanca – kanca tekan omahku
Aku lan kancaku pisah
Aku banjur langsung bali
0 komentar:
Posting Komentar